Wednesday, August 5, 2015

"albamsigit"

Cerkak:

Endah’e Lintang Panjer Sore

Langit bang kulon wis katon kuning jingo mencorong, tintrim swasana alam padesan tambah gawe miris bocah-bocah sing wedi peteng. Bubar anggone dolanan bal-balan banjur pada adus salin klambi. Semana uga Mulyana lan adine Jatmika, bocah lor ndesa pinggir alas baon sing isih singgup grumbul. Sanajan isih bocah loro-lorone ...sregep mbiyantu biyunge babagan pagawean ngomah sanajan mung entheng nanging ora saben bocah bisa nglakoni. Nyapu latar lan pekarangan, ngurupake lampu senthir lan teplok’an amerga wektu semana PLN durung bisa ngambah ndesa-ndesa tengahing alas. “Mul, aja lali pitik-pitik pada dikurungi, Jatmika sing bagian ngombor sapi!”, mangkana ngendikane biyunge  mbengok seka pawon sinambi ngliwet. Yen wektu esuk Mulyana lan Jatmika digugah rada mruput sakloron pada dikulinak’ke tangi bangun esuk sinau piwulang sing ka-jadwal dina kuwi. Bapak lan biyunge wis pada tangi gasik ngetok’ke pitik-pitik lan ngumbar sapi ana tegalan, dene biyung’e daden geni ngliwet kanggo sarapan lan gawe wedang ngga sangu bapak’e menyang tegal ngolah lemah macul lan nyebarake pupuk hasil kandhang sapine.

Mulyana uga padha karo pawongan mudha liyane, pengin dadi wong sing pinter mula saben dina mempeng anggone sinau, ing sekolahan uga nang ngomah, tansah sumandhing apalan lan etung-etungan. Mula ora mokal yen tansah oleh biji sadhuwure rata-rata kanca kelas’e. “Yung, biyung…..iki ana laying saka sekolahan, unine menawa SPP kudu dilunasi wulan iki, amerga arep Ujian akhir semester”, mangkana kandhane Mulyana karo lungguh neng peturone biyunge sing wis telung dina iki mriyang. Sukune biyung’e Mulyana abuh merga tatu lawas sing ora bisa garing. Patang dina kepungkur nalika menyang alas, biyunge nidak tunggak tebon jagung, mula dadi tatu. Sanajan wis diobati nggango tlutuh lung mlandhingan nanging amerga kepeksa isih kangga mrana-mrene nyambut gawe, mula tatune ora garing-garing malah saiki dadi abuh. Karo nampani laying seka sekolahan biyunge Mulyana, ngendika “Yah le sesuk ben bapakmu menyang pasar, saiki kowe lan adimu Jatmika yen wis mulih, ndang mangan kana”. Nuli biyunge njenggelek tangi karo nggelung rambute sing wis semu putih uwanen. “Le segane putih panganen, thiwul’e ben aku lan bapakmu wae sing mangan, aja lali adimu Jatmika dibageh’i”. Jatmika banjur nuruti dhawuhe biyung’e. Mulyana mbukak krakap tutup meja isine sega putih lan thiwul, ana lawuh teri goreng lan pecel lembayung kembang turi, sambel kambil enom, katon seger awan kuwi sing lagi panas, apa maneh weteng sing wis ngintir-intir. Wayah sore kanggo ngganteni pagaweyane biyunge Mulyana ora sempat dolanan karo kanca-kancane, amerga pakaryan sing entheng-entheng lagi bisa rampung suruping srengenge. Langit bang kulon sangsaya ngremomong, sangsaya peteng sangsaya gawe tintriming ati, lintang-lintang gemebyar sumebar ing langit rebut padhang. Atine Mulyana kepencut Lintang sing paling padhang katon mentheleng sumunar. Apa kae ing ngaran Lintang Panjer Sore. Kaya ngemu wadi sore kuwi, Semana uga patrape Mulyana anggone ganti nonton kanthi mentheleng, Lintang Panjer Sore.

Esuk-esuk kaya padatan Mulyana digugah, nanging bedane luwih gasik tinimbang wingi-wingi, jare Bapak’e arep ngajak budal gasik menyang pasar. Kepeneran dina iku dina pasaran sing cedhak saka ngomah’e. Mulyana dikongkon nyekel wedhuse lanang saperlu mengko digawa nang pasar, ing pangajab bisa payu lan dhuwite isa cukup kanggo nglunasi SPP sing wis telung sasi nunggak. Mulyana lan Bapak’e menyang pasar mruput nunut angkutan pribadi sing wis lumrah kanggo angkutan para warga padesan menawa wanci dina pasaran. Tekan pasar wis kebag pedagang lan bakul-bakul cilik mula bareng mudhun saka angkutan wedhuse wis ana bakul sing nganyang. Wektu kuwi wedhuse payu Rp 150.000,- cukup kanggo nglunasi SPP Mulyana sing gunggunge Rp 90.000, amerga saben sasine SPP kudu mbayar Rp 30.000, dhuwit semana wektu kuwi wis cukup akeh tumrap keluargane Mulyana. Mulyana banjur digawani Dhuwit kanggo mbayar SPP lan disangoni cukup kanggo jajan lan mbayar bis menyang-mulih sekolah. Lagi arep menyang dalan gedhe Bapak’e ngundang Mulyana, “Mul, mul mreneya ndhisik, tak kandhani”. Banjur Mulyana mlaku nyedhaki bapak’e. “Tulung mengko bubar sekolah menyanga Apotek kutha, biyungmu tukokna obat resep sing diwenehi pak Mantri wingi ya, iki dhuwite, saentuk’e wae”. Mulyana nampani dhuwit lan cathetan resep, banjur nang pinggir dalan ngadhang angkutan budal sekolah.

Bubar sekolah Mulyana banjur tumuju Apotek ngarep pasar Kutha, nebus resep kanggo tamba biyung’e sing lagi lara, dhuwite torah sithik nanging batine Mulyana tetep arep di wenehake wong tuwa, amerga wis dadi pakulinane menawa dikangkon blanja susuke mesthi dibalekake. Mudhun saka bis rada rikat mlakune, Mulyana kumudu-kudu enggal tekan ngomah, kajaba panas ketiga dhawa uga kepengin obat diwenehake biyung’e kareben enggal kanggo tamba. Tekan cedhak omah’e Mulyana atine goreh lan tratapan amerga akeh rubung-rubung wong sangarep omah’e. Banjur Lik Sura mrepegi Mulyana kanthi Celathu, “Ora ana apa-apa le, Mul…..Tetegna atimu, biyungmu wis ayem tentrem aneng pangkoning GUSTI, sing sabar lan ikhlas, ya le”. Alon ngendikane Lik Sura marang Mulyana, nanging trumrape Mulyana panda kenteban gunung, dhadhane sesek gulune sesak kaya keseselan watu. Sanalika jagade Mulyana peteng, prepet untuk lik Sura cukat lan tanggap bareng karo lik Jaya mbobong Mulyana sing nglumpruk tanpa daya.

Sadina-dina sapungkure biyunge seda, Mulyana katon sedihe nanging awit panglipure bapak’e sing isih lan ngelingi adine, Mulyana tetep kudu bisa nampa. Urip sabanjure dilakoni kanthi sabar lan narima. Nganti lulus anggone sekolah. Saiki Mulyana lagi ngerti wewadi Lintang Panjer Sore. Nganti wektu saiki maknane Lintang Panjer Sore tansah tumancep ing atine Mulyana. Uripe kang wus mapan sinandhing anak putune, kinirim donga lumantar GUSTI kanggo males kabecikan Biyunge. Lintang Panjer Sore tansah sumunar ajeg saben sore, Lintang Panjer Sore Mulyana durung bisa males kabecikan biyunge, ananging putra wayah’e Mulyana kang wus nggunduh marang kabecikan biyunge. “Lintang Panjer Sore walesna kabecikan Biyung, titip dongaku marang GUSTI, muga-muga biyung bungah sumandhing ing SWARGAne”, mangkana jroning dongane Muyana sinambi mangku putune ing latar wayah sore.

TAMAT


Cerkak iki hamung crita fiksi,
Kabeh paraga, panggonan lan kedadeyan mung karangan,
Ing pangajab bisa kanggo panglipur marang sedaya sanak, kadang lan mitra.
Kathah kilimat lan ukara kang mboten trep lan gawe cuwa,
Nyuwun agunging pangaksama.

Nuwun.

No comments: