"albamsigit"
MENDHUNG’E APA WIS SUMILAK, BU’NE?
"Nyoh Bu'ne,
blanjamu wulan iki", mangkono mau ujare Mulyana karo masrahake amplop
isi dhuwit. Bojone katon seneng nanging ora kawetu ucape, amargo disambi
nggendhong anake sing nembe balia udakara umur 2 tahun. Sawise leren
anggone ngentas sayur sing di-nget, banjur ujar amarang Mulyana bojone
sing lagi nyampirke klambine neng canthelan. "Pak, iki sayure wis
mateng, segane wis ana meja". mangkono mau ujare bojone karo isih ubeg
isah-isah wajan sing ireng kandel amerga lawase.
Mulyana
salah sawijine karyawan pabrik kaos, kang wis pirang-pirang tahun
kapungkur nyambut gawe dadi juru ladi utawa yen saiki kasebut office
boy. Saben akhir wulan tampa bayar, banjur diwenehke bojone, kanggo
nyukupi kebutuhan sabanjure, kuwi yen ana turahe. Amergo Sasi wingi
Mulyana wis kasbon sik marang perusahaan amergo kanggo nombok'i ragad
bengkel mobil priyayi sing diparkir neng tikungan yen miturutku ora
pener banjur sepeda onthele "nyosor" nabrak .
Amplop isi dhuwit
banjur dicangking bojone nyeraki anggone lungguh pak dhe Mulyana ing
lincak, banjur dibukak. Bojone mung meneng nanging katon isih ketok
mesem sing kawistara ing lathine. Mulyana katon kaca-kaca netrane, karo
unjal ambegan, dheweke banjur wawan rembug. "Bu'ne, kaya kang ndak
aturke wingi kae, jebule, bayar iki bayar kang pungkasan kanggo awakku,
amergo pabrike wis seminggu kapungkur tutup". Karo menyat anggone
lungguh Mulyana banjur tumuju ing cendela omahe, nrawang njaba kanthi
tanpa swara. Ngerti kahanan kang mangkono Bojone banjur ujar, " Iya Pak,
wis pancen dadi kahanan uripe awakke dhewe kudu mangkene, aku iya uwis
siap ngadhepi salawase seminggu iki, aku banjur nata ati lan rasaku,
pak", Kandeg ucape amerga wis ora bisa kawetu maneh ucape. kaya dene
kaseselan watu kang gedhe kandeg ing gulu lan dhadhane, bojone Mulyana
banjur lungguh karo mapanake anake sing wis turu angler neng
gendhongan.
Surup kuwi, Mendung kang peteng ing langit,
katon sumburat abang nutupi angslupe srengenge. Mulyana banjur nyelehake
awake kang lungkrah, nang dipan. Wengi kuwi mandung kang nggawe saya
peteng lan sepine wengi tansaya gawe kekesing ati.
Jago
Kluruk kang kapindo gawe gumregahe Mulyana, rasa atis lan petenge langit
gawe kapincute ati kanggo mancal kemul lan jingkrung. Ananging bojone
Mulyana wis kekiter neng pawon, ngobori cerek kang katon ireng merga
lawase. Esuk kuwi kaya padatan Mulyana srupat-sruput ngrasakke teh legi
panas kenthel. Srengenge sansaya nyemburat abang katon arep mumbul
dhuwur, cepet. Banyu kolah rasane atis nanging tanpa rasa. Esuk iki arep
tandang gawe apa? Mangkono pitakone Mulyana jroning ati.
Mulyana
pamitan karo bojone, arep lunga sadela nambal ban onthele kang kempes,
dipompa ora bisa isi. Esuk kuwi isih dadi kahanan kang nyalawadi kepriye
nasibe Kulawargone Mulyana. Bojone karo nggendong anakke, menyang pasar
nyangking jago pitik'e, arep didol nang pasar kanggo tuku kabutuhan lan
jajan anakke. Urip kudu tetep lumaku, kahanan apa wae tetep ajeg
dilakoni. Mulyana, banjur ajar nambal ban lan bongkar pasang sepeda.
Buka bengkel sepeda nang pinggir dalan kiwane pasar desa. Dene bojone
katon sibuk ngurus omah lan nyambi buruh ngumbahi sandangane priyayi
tanggane lan isih ngurusi wedhus lan sapine.
"Kukuruyuuukkkkkkk.......",
keprungu swara jago kluruk, embuh kang sapisan apa wis bola-bali jagone
ngumandhang nggugah. Esuk umun-umun wis dadi kawitan anggone nglakoni
urip. Wis 12 tahun sawise mandhiri, saka anggone di PHK. Kabeh pakaryan
kang nggunakake kekuatan awake sing katon kuru nanging katon isih rosa,
kejaba iku garing ora katon lemak gajih sing nempel awake. Kawit dadi
tukang tambal ban wis dilakoni, dadi tukang loper koran ing kutha, lan
dadi tukang batu. Saiki urip sakloron karo bojone. Mulyana anakke cacah
telu wis pada mentas kabeh, pada golek sandhang pangan neng ngrantau
kutha-kutha gedhe, amargo kahanan, ing desane kang garing. Dene
anak-anak'e padha ngrantau kabeh wis padha omah-omah. Pak dhe Mulyana
wis duwe putu 6, saka anak-anake sing cacah telu.
"Pak,
piye awakmu?", mangkono pitakone bojone Mulyana, marang bojone kang
katon ndhrodhog kadhemen. Wis seminggu iku pak dhe Mulyana, katisen
amargo mriang. "Wis rada entheng, Bu,ne". Karo tangane ngranggeh cangkir
kang katon kemebul, isi teh kenthel katon ireng. "yoh, kono pak,
diunjuk sik obate sing nggawak'ke putumu wingi". Karo pamitan arep
menyang kebon, bojone Mulyana enggal menyat mlaku metu. Nganti awan
langit'e mendhung, nanging durung udan. Mung wae lemah pekarangan katon
teles amerga wingi bengi udane deres.
Mulyana wis sehat,
banjur kaya adat'e apa wae ditandhangi kanthi runtut lan tekun.
Esuk-esuk mruput bareng bojone menyang alas kebon, golek pakan sapi lan
wedhus'e. Ora lali nyebar jagung sing wis dipangan bubuk, kanggo makan
pithik'e kang wis padha ngarak. Wayah esuk candhak'e Mulyana, ditekani
bakul ternak sing wis kulina ing desane. Pamrihe arep tuku sapine sing
lanang kang wingi sore ditawak'ke. Esuk iku sida sapi ing kandhange
suwung siji amerga sida kepayon. Bu'ne, aku sida budhal menyang kutha,
saiki wae", mangkono kandhane Mulyana, marang bojone. "Iya pak, sing
ati-ati, dhuwit'e ndhang di wenehake anakmu neng kutha". Mangkono ujare
bojone Mulyana, nguntab'ake bojone budhal menyang kutha.
Seminggu
candhak'e, anak lan mantu'ne sing ana kutha teka. Ora kaya biasane,
dina iku padha numpak motor dhewe-dhewe. Nanging tumrap'e Mulyana lan
bojone ora kaget. Wektu semana nalika ngeter'ake dhuwit nang kutha kuwi
tujuane, masrahake dhuwit kanggo ngijol'i motor, kang wektu kuwi dikon
ngganggo wira-wiri ing ndesa.
Mulyana lan bojone, pancen
wis digaris'ake kudu urip nang ndesa. Adoh karo anak putu, Urip wong
loro ing desa katon ayem tentrem, adoh saka kahanan kutha kang sarwa
gumebyar. Motor kang ana ing ngomah, minangka sarana tamba kangen marang
anak putu. Sarana kanggo nyambung laku , lan adohing sesaban
jumangkahing laku. Wong tuwa amung bisa ngandhak'ake utawa crita
sejarah. Dene anak lan putune minangka generasi mudha kudu bisa ndobrak
gegayuhan lan panjangka, murih kamulyaning urip ing ndonya. Awan kuwi
mendhung ing dhuwur omahe Mulyana, katon resik sumilak katiyub angin
mangulon. Yo iki lelakon kang wis kelakon. Crita wingi wis dadi dongeng
lan sejarah, Sesuk lan mbesuk'e kahanan kang isih dadi wadi kang
nyalawadi. Dene Wektu iki sakabehing kahanan lan kasunyatan kudu
disyukuri lan tinampa dadi benbungah wohing katresnan GUSTI. Mulyana lan
bojone , muga kanthi sumilaking mendung kuwi, dadi sarana lan dalaning
katentreman ing keluarga lan donya iki.
TAMAT
No comments:
Post a Comment